kanggo sliramu kang lamat - lamat saya ngilang.
dak tamatake dhelo, ngetung isine ndonya.
dene aku kudu metani pitakon siji - siji,
saumpomo aku kudhu mbedah ukora kang kepatri.
kawedhar ono ing geguritan iki,
blesare kabar kabur kang kegawa angin timur.
antaraning ati kang ajur mumur,
lan pangarep - arep marang sliramu kang dhuwur.
sak umpama wit - witan wis kadhung rubuh,
katerak rosane angin wayah ratri.
nuli ngaburake angen - angen gegodongan kang ngawa katresnan.
sak ora - orane isih ana lintang sumebyar ing kartika.
panggonan kanggo sambat lan suwala.
yen sliramu takon ana rasa apa.......?
rungokno iba tangising ati ing dhada.
yen sliramu takon tekan sepiro.......?
dawane tanpa udakara mbok menowo.
marang sliramu...katresnan iki tak gowo.......
Jakarta, 23 Ocktober 2009 10 : 50 pm
Tidak ada komentar:
Posting Komentar